SEJARAH KELUARGA BESAR
BANI ABUNALEK
DIKUTIP OLEH :
Ir. MIFTAHUR ROHIM, M.Kes
ABDUL MANAN / Masangan Bungah
BIN
CHAMRAN H. AMIR / Dagang Manyar
BINTI
RADEN NALIYAH / Danten Bungah
BIN
Kiyai Doro Umar Khattab / Sembilangan Madura
BIN
Kiyai Doro Mukoddas / Sembilangan Madura
BIN
Doro Abdul Karim / Arusbaya Bangkalan
BIN
Doro Abdul Jalal Sultan Abunalek / Mekkah
BIN
Syech Zainal Abidin / Mekkah
BIN
Syeh Mahmud Sych Hasyim / Baghdad-Mekkah
Keluarga Besar
MASANGAN BUNGAH GRESIK
12 MARET – 2011.
Sejarah Riwayate Mbah Abunalek.
Dicritakno yen Mbah Abdul Alek kui dateng teko Arab menyang tanah Jawa numpak iwak Cucut Pamprang sing bentuke kaya manuk. Mulo wong Tuwo-tuwo yen unen-unen, ujar warah wekas menyang anak putu, ojo mangan iwak kang dadi pawekas mau, ugo manunggal ora oleh jenengi iwak Kerapu karo panyono rupane blorok. Ono kang kebacut kebarus anglakoni mangan, kulite awake biso dadi blorok.
Jujukane ing tanah Meduro Pamekasan Batuampar. Leluhur kito wektu kui terus ngelakuni lelono mertopo Tirakat sampek timbul lan entuke Wibowo cumlorot sunar sorote Karomah kang Katon Agung Drajate.
Banjur lawase lawas Mbah Abunalek diangkat di jumenengake dadi Sultan ing Kasultanan ing Meduro kono. Gede lan sugih matur pangaksami karo Gusti Alloh, berarti wes biso dadi jiwo pribumi kono, tegese ora dianggep wong asing maneh.
Yo mengkono kui Mbah Abdul Alek dijenengi Mbah Bunalek, disebut Sultan Bunalek dijuluki sebagai ”Sultan Abadi”. Mbah Bunalek duwe anak 2 (loro) kang kasebut :
1. Kasebut Doro Abdul Karim.
2. Kasebut Doro Umar Said.
Ing suwiji dino, Mbah Bunalek budal lelono ing Alas banjur ketemu anak BUTO ing tengah alas kono, ateges BUTO iku peteng. Nemu Bayi ora ono kang biso ditakoni, banjur dirumat dadi anak angkat dijenengi Roh Ayun tegese nyowo olehe nemu.
Sak banjure Roh Ayun wes tumeko dadi wong, sarujuk di dadekno bojone anak kang tuo yoiku Doro Abdul Karim, lan ditandur ing Gunung Pegunungan Air Mata Arusbaya Bangkalan Madura. Hasil jejodohan iki duwe keturunan anak 1 (siji) dijenengi Bang Daun. Coro Meduro jullukan kui ateges Pange Wiwitan lan Godongan.
Ing suwiji dino kaweruhan Londo sing bawahi daerah Meduro kono, di titik-titik..Roh Ayun iku ora pantes pawongan jiwo Meduro, sido diselidiki, iku pawongan soko ngendi, asal teko kono, lan asal olehe nemu ing ALAS, sido diurus-urus. Iku mesti teko wong wadon kang malu-malu utowo isin digendak Londo..akhire meteng lan nglaherake bocah banjur dibuwang nyang Alas, bener ora salah temen olehe nemu, tapi sido dipatak karo Londo.
Akhire Londo sido jabel..Roh Ayun direko doyo ben kapincut karo Londo. Dirayu donyo lan bondo, Roh Ayun dikuasai Londo, artine diatur oleh peraturane Londo, yen ora salah diatur jodoh soko Blambangan utowo teko Mojopahit arane kurang ceto, ing makam pesarehane kono cukup ceto disebut aran-aran jelas Cakaranengrat I, II, III dst.
Sak wese kedadehan kui, Doro Abdul Karim terus Hijrah menyang Sembilangan. Songko kene kui mulo lan awale rintisan pucuk perang Gunung Air Mata karo Sembilangan, lan si anak Bang Daun kurang mangerteni kahanan wong tuane ngono iku wektu kui.
Bareng Bang Daun dewoso tur ngerti, akhire melu nyusul pembalesan, melu hijrah menyang Sembilangan, melu belo pati, dadi Talang Patine si Bapake..Doro Abdul Karim ing Sembilangan.
Bang Daun demunung ing Benteng Pregolan Bangkalan daerah Mertoyoso ngadakno perlawanan perang ing Gunung Air Mata, maksude bales budi nyang wong tuwo kang dihina lan kesiyo-siyo.
Yen ono mungsuh arep mlebu menyang Sembilangan di papak Bang Daun Mertojoso Pregolan Bangkalan Madura. Bang Daun akhire tumekane sedo lan dimakamke ing Pregolan Bangkalan. Yo kui riwayate saben ketekanan musuh ditumpas ing kono.
Sampek sak penenggalane Bang Daun, pasarehane Bang Daun ugo melu-melu GAWAT, zaman uripe Bang Daun musuh mlebu daerah Mertojoso jarang sing balik, mlebu mesti mati. Sopo sing wes mlebu pesarehane Bang Daun mlebu ora balik, ruh ilang, dadi kabeh dilarang ora entuk mlebu maneh ing pesarehane Bang Daun.
Ono crito yen Chotib Tojul Anwar ( perlu didolike sakjane sopo Tojul Anwar iki), mekso mlebu ing pesarehane Bang Daun walaupun wes dilarang..ananging Chotib Tojul Anwar alkhire selamet..iku pertondo yen Tunggal Turun..!
Doro Abdul Karim tetep KAROMAH ing Sembilangan, ngembangno lan ngebangso Islam seluas-luase. Doro abdul Karim karo bojo kang kari duwe anak maneh 2 (loro) yoiku kang kasebut :
1. Kiyai Doro Mukoddas.
2. Doro Topo ora Karuan (perlu didoleki informasine maneh).
Kiyai Doro Mukoddas duwe turun anak 4 (papat). Kabeh pangkat Kiyai-Kiyai tur Alim-alim, ono anake siji kang diangkat drajate Pangkat ing Negoro. Contone yo koyo neng Sedayu ono Kanjeng Sepuh sing dianggep lan diajeni wong sak Jowo, Surakarta Solo.
Sembilangan suasanane tenang lan Merdeko bersinar Islam menyorot manunggal Sembilangan lan Sampunan Bungah, tiap CHOL besar-besaran nganakake acara terbang Hadrah Sholawat Nabi lan Rasul.
Sekabehe kawulo wargo Sembilangan anak putune podo wani tirakat lan mertopo. Sementara kui Keluarga besar Pamekasan Batuampar tetep silep ora wani bergerak, cukup ber-KAROMAH ALIM ngelakoni Tirakat Topo memperbesar perkembangane Agomo Islam, menyorotkan nilai drajat Karomahe. Sebab ing daerah Gunung Air Mata kelebu wes ketemon karo Londo tapi ora ketemon nyolong, tegese daerah kono wes dikuasai lan di cengkerem dineng Londo. Lawas-lawas londo bnajur nyusun kekuatan agawe sesebutan “Cakranengrat” kui sebagai tenogo Bantu Keamanan Negoro ing Zaman Londo.
Akeh para kawulo nom-noman melu kelayu karepe Londo krono kapincut opo-opo pangkat utowo dunyo bondo lan opo wae sing biso diwenehi bangso Londo kui.
Tapi yen warga besar kito iki sebagian besar akeh kang mertahanke niat saroyo IMAN kudu kang KUAT.
Anak putune Bani Abdul Karim soko anake Kiyai Doro Mukoddas kabeh podo Alim, Karomah irakat lan Topo. Duweni tekad kang gede lan podo Digdoyo, Tirakat sampek ngilang-ngilang musno. Luwih anak muda Doro Abdul Jalal kesohor lan digdoyo.
Luwih-luwih maneh keluarga besar kang ono Pamekasan tambah gede tekade, ono sing ahli Tirakat ora awor sanak Batine. Ono ugo sing duwe bojo Jin lan duweni anak 5 (limo) pincang kabeh, 5 (limo) picek kabeh, 5 (limo) simper kabeh, 5 (limo) maneh melek kabeh podo digdoyo ngluwihi para manungso. Yo ngono kui berkat saking tekune olehe nglakoni TOPO lan TIRAKAT.
Kawulo warga Sembilangan krungu yen ing wilayah Kanjeng Sepuh Sedayu bakal ngadakno sayemboro adu LESUNG kanggo doleji poro DUkDENG sing sopo melu ateges poro jagoan adu Lesung kui. Wusono akhire dieloki poro jago Lesung teko tanah Jowo lan teko Meduro.
Wektu kui koyo dene Doro Abdul Jalal anake Kiyai Doro Mukoddas, melu sayemboro kui, Doro Abdul Jalal terkenal Jagoan ahli Topo lan Tirakat kang gede Wibawane ing daerah Sembilangan wes kesohor kadigdayane. Lan wektu semono Sembilangan kono iku dalem pengawasane Londo, nanging wonge dikenal sekti-sekti lan mondro guno, diancam Londo ora ono wedi babar pisan. Mangkane Londo agawe politik adu awak antarane poro jagoan, pokoke Londo menehi sarono lan bondo kang ora biso kahitung tur dijanjeni hadiah sing wes ra kahitung gedihe..! sing mengkono kui Londo duwe tujuan ben lumpuh wong sekti-sekti ing tanah Jowo lan Meduro. Yen wong biyen sekti yo tambah sekti, tapi yen wong saiki ateges tibo nyang anak turune yo embuh wae yen dibandingke koyo Jagone Doro Bang Daun kang wes sumareh ono ing makam Mertojoso Pregolan Bangkalan Meduro.
Soko Bang Daun saking nemene dendam, dirungu terus babar ulas ceritane sing Tuwo, semangate Bang Daun kui tetep di dengung-dengungke supoyo biso diperjuangi terus anak muda-muda sekuat tenaga, sebab Londo tansoyo suwih tansoyo akeh salahe. Bang Daun saking nemene dendam karo bongso londo mangkane bakal diteruske perjuangane karo sing buri. Sembilangan sering digawe onar, mangkane digawe kejem karo londo, niat di adu ben lumpuh perjuangane poro pejuang kui.
Bareng wes teko dino lengkape sayemboro, persipan ing Alon-alon Sedayu, kabeh penjuru kawulo peninjau wes podo bajel padet..mongko ora ono opo-opo. Nanging let sawatoro ono wahoyo bumi oreg koyo lindu, angin lisus teko, ora suwe ono Lesung gede..ora nyono ora songko-songko siji teko kulon, siji teko wetan..DENG santap-santapan. Adu lesung terus santap-santapan , santapan maneh lesung teko tanah Jowo tambah gopel lan mendal sak banjure ilang musno akhire tumeko kari lesung sing teko tanah Meduro, ora ono wong wani mareg utowo nyedeki, banjur ora suwe akeh wong melu bali nyang arah wetan utowo Ngetan.
Koyo ngono iku marine dadekno hikmah rame gemuruh, pertondone yen Kadipaten Sedayu bakal Onslah utowo onar, ora wurung bakal ono pertandingan Kanjeng anyar kang mandegani ing Kadipaten Sedayu kono. Ora nganti wektu suwi, akhire Doro Abdul Jalal di doleki Londo perlu nerimo panggilan diangkat dadi Kanjeng ing Sedayu, nanging sedurunge lungguh ing Pelungguhan Kanjeng mesti di adu kasekten disik. Kabukten Doro Abdul Jalal di obong ora mempan, banjure Kanjeng Sedayu sing disik trimo seleh lan lingser. Doro Abdul Jalal sido di jumenengake dadi Kanjeng Sepuh kang temenan disepuh nganggo geni, dadine dijuluki Kanjeng Sepuh Sedayu.
Wen dene Doro Umar Khattab kang ora keduman pangkat nanging kerabat raket ing Kasultanan Sultan Bunalek, ing kono ngerti patrap carane nyitak duwit dadi ngerti gawe duwit. Suwe-suwe konangan karo londo, dadi salah, pancen pinter krono leluhurane podo pinter. Doro Umar Khattab atine tertarik nyitak duit agawe tolong marang liyan. Wes ngono iku biso dirahasiakno yen mentas nyang tanah Jowo soko tanah Meduro. Doro Umar Khattab dikenal wong akeh koyo wong DAGANG Jutawan, nanging kanggone sistem famili kui dianggep SELONG Aib sing kudu ditutupi, lamun diumumno Selong, sawangane saru ora sarujuk karo keluarga besar celuke olo, lan ora pantes kanggo adat Kasultanan.
Sak wese Doro Umar Khattab dadi wong ora duwe salah, tegese krono wes nompo paukuman, akhire malah dikongkon nyitak duwit sak cukupe urip kanggo sangu pangan, katon dadi wongkang sugih bondo tegese disebut umume wong Dagang, dadi bener ora salah oleh nyitak duwit mau.
Sultan Bunalek banjur manggil Kanjeng Sepuh Sedayu kaperlu ngerundingake hukumane Doro Umar Khattab sing diputuske di buang soko tanah Meduro Sembilangan, di asingno nyang tanah Jowo Doro Umar Khattab yo wes nerimo putusan hukum buang karo ati legowo, soale yen ora gelem nerimo hukuman buang, Jabatan Sultan Bunalek lan Kanjeng Sepuh Sedayu (Doro Abdul Jalal) bakal dilorot kabeh.
Wektu kui karepe Doro Umar Khattab ora gelem dihukum buang mau, soale neng tanah Jowo ora duweni sank sedulur, nanging Kanjeng Sepuh Sedayu alias Doro Abdul Jalal ngomong yen sampeyan bakal dibuang nyang Jowo iku bakal tibo Deso Ngaren Danten cedak karo panggonanku selaku Kanjeng Sepuh neng Sedayu. Keputusan wes sarujuk sarembuk, Doro Umar Khattab dikongkon nutukno olehe nyitak duwit akehe 3 (telung) karong, karung opo rupane ora ngerti. Duwite iku wujud Rispis Perak 1 karung, Ukon Talen Ecer 1 karung, lan Geldem Sen Eteng 1 karung.
Tibo wes cukup persiapan, Doro Umar Khattab terus berangkat tugas ngelakoni hukuman buang nyang tanah Jowo karo diiringi LAGU ringik-ringik yoiku udan tangis keluarga besar Sultan Abunalek ing Kasultanan Pamekasan. Akhire neng tanah Jowo Doro Umar Khattab jujuk ing Deso Ngaren Danten , manggon ing omahe wong jenenge Ki Lembang, nanging akhire bukti nyatane sing ono jenenge wong kono yoiku Joko Sambang, dadi suloyo jeneng sebutane. Sak tekane Danten, Doro Umar Khattab karo Raden Zainab sekeluarga disambut dengan hormat oleh sekeluargane Ki Lembang Danten. Meduro-Sembilangan sing terasa cerah perasaan hati, rumongso ditambahi perkoro, sejatine ora lan ojo di fahami koyo ngono mau, wong salah kudu seleh, ayo bali secoro nganggo nalar lan berfikir.
Menurut darah daginge Bang Daun, teko tenaga muda-muda patriot penerus perjuangan entuk gelar lan pangkat secoro berfikir sing matok. Minurut warga besar kerabat-kerabat Sembilangan telah menyadari, lamun kita mempeng nglawan Londo tansoyo nemen pengarahane lan pengerahan kekuatan londo bakal ditambah. Sembilangan wes rumongso sadar, pembalesane Bang Daun lewat paperangan cukup oleh akeh gowo pengurbanan, baru entuk hasil beralih ngerasakno merdeka berfikir.
Kari anak turune Kanjeng Sepuh Sedayu, koyo dene Den Badrun, Den Timat, Den Aryo lan Den Jamilun kang isih duwe roso mangkel karo Londo ewo dene ngeroso keluarga besar kito sangat terhina.
Pantesan kang dadi pelabuhane Doro Umar Khattab ing Danten mau, okeh kedadean sing aneh-aneh, diselimuti Jalmo Ridu-ridu tanahe sing mau gawat saiki dadi towo ateges aman ora ono sing aneh-aneh maneh. Neng kono saiki kari ono Sumur kang asal pancer tilasane Labuh Pentasan biyen, saiki wes dadi pekarangan, tur maneh si Bengawan yo melu mekar. Critane neng kono tau ono sapi kecepret neng pancere petilasan mau, banjur digeret gawe cikar yo ora kuat, sak teruse diuncali iwak Lele biso jebol lan mentas sapine. Saiki okeh iwak Lele gawe panggonan utowo leng ing kono, nanging lawas-lawas dibangun dadi sumur banyune yo bagus dewe yen dibandingke sumur liyo-liyone, nganti sak prene sumur kui isih akeh iwak Lele lan iwak Keting.
Songko sarekale kadigdayane anak-anake Kanjeng Sepuh Sedayu. Kaceritan yen gelek ono oran-oran, geger-geger, ribut-ribut gawe onare Londo akhire dadi ribut. Neng Gresik tau ketekanan ribut Angin Lisus sing ora pantes rupane, kabeh bangunan digawe korat-karit, Bangsal-bangsal bangunan akeh sing ajur kabeh. Di bedili Londo ngembo Ulur-ulur, mangkerik ing awang-awang, “ yo ngene iki kelakuan aku Den Jamilun “ agawe Londo dadi tambah kejem wae. Bedo maneh karo Den Aryo, kang biso ngilang membo-membo, tau gawe ontran-ontran dicekel yo ucul, dikurung yo metu, digeret montor ora mati, diwadahi tong malah biso mangkerik ing duwure terus ngilang. Anak turune Kanjeng Sepuh Sedayu podo lelono ngilang-ngilang ora ono sing gelem bajeg jasad watak kemenungsan, ora gelem agawe onar kang tanpo berfikir, kajobo Grup Gelap kang ngadakno perlawanan ngadepi penjajah Londo, kalebu termasuk sing ngadakake onar, Tuban Ontran-ontran, lan Suroboyo ngelawan Londo. Ugo tergolong Grup Taktik Politik Perang Senopati Nalogo Ing Segoro Kidul, sing duweni kekuasaan Duwit Cap Senopati Nalogo. Akhire jaluk melu bareng Senopati melu keliling ing sajerone wilayah Nusantara Jowo, yen ora diijinke melu keliling Nusantara Jowo, ati-ati bahayane Bongso Indonesia dewe kang ngrusuhi agawe ontran-ontran terus marang Londo penjajah Pulo Jowo. Tanah jowo tansoyo suwi tambah dikuati kompeni Londo, Pelopor pejuang Jowo ugo ora ketinggalan menyusun reaksi-reaksi disamping nyusun persatuan pejuang, kito bakal berjuang terus sak pemburine anak putu. Tekade anak turune Kanjeng Sepuh Sedayu, Tinimbang Katon Kamenungsan Dadi Buron Larone Negoro sing dijajah Londo, becik ngumpul ing Grup Persatuane Senopati Nalogo. Yoiku persatuane wong-wong Jowo kang sekti mondro guno kang ngumpul ing segoro Kidul.
Semboyane, Paribasane sanajan singitan buri tebeng sopo kang katon. Ora tapak palune pande, biso berguna ing tembe buri yen wes teko titi mangsane. Kalahe Londo Menange Jowo, Sileme Gabus Timbule Watu Item, tegese koyo Londo wong penjajah iku timbul liwat segoro nglungguhi Negoro Jowo, ideg-ideg kito, iku kang disebut Gabus. Wong sing Topo Tirakat Sabar di ideg-ideg iku kang kasebut Watu Item.
Wong-wong tuwo awake dewe nek ujar wekas kanggo anak putu ojo ono kang Topo Tirakat Ngilang-ngilang, mundak mengko katut sing Ngilang ora biso balik dadi siluman Ngilang.
Balik nyang Doro Umar Khattab lan bojo Raden Zaenab urip jumeneng ing NGAREN-DANTEN, klebu keluargane Ki Lembang alias Joko Sambang. Doro Umar Khattab lan bojo Raden Zaenab sarto anak keluarga yoiku kasebut :
1. Kiyai Chasun
2. Maimunah
3. Hujjatun Aisah
4. Siti Fatimah
5. Raden Naliyah ( kawin pegat mati )à Raden Toyyibah à Chamran H. Amir
6. Raden Sarminah Muhaiminah.
Uripe Doro Umar Khattab wes tenang, kajobo ber-upoyo dolek sorotan IMAN lan ISLAM demen ngaji ing Pondok-pondok, misale Sampurnan Bungah, Pedepokan NGABAR lan Mertopo ing Pegunungan Pentung. Kiyai Chasun kawin oleh Karangturi, Maimunah kwain oleh Gumeno, Hujjatun Aisah kawin oleh Manyar, Raden Naliyah kawin oleh Danten lan Raden Sarminah Muhaiminah kawin oleh Jangganan Jepuro. Doro Umar Khattab lan Raden Zainab terus mangkat lelono ngulon awit Rayung, mlaku Ngetan Duduk Sampeyan, Jetis sarta ono barang alap penenggalan kendil alat dapur terus ngetan. Anake kang ugo melu lelono yoiku anake wadon Siti Fatimah dan Raden Sarmina Muhaiminah. Tibo teko durungan, Siti Fatimah dijaluk laki ing H. Saleh Durungan. Doro Umar Khattab lan Raden Zainab nerus bali menyang Danten, Raden Sarmina laki oleh Jangganan, terus Raden Naliyah pegat pati oleh anak 1 (sidji) yoiku Raden Toyyibah sing dijak mondok Ngaji ing Sampurnan Bungah, neng kono ono murid jenenge Karso asal teko Tanggul. Raden Toyyibah tau dikarepno laki nyang Konang Hardjo. Nanging mungguhing Gurune neng Sampurnan, Raden Naliyah lan Karso sarujuk dadi Jodoh, wong tuwo sing Tanggul kurang sarujuk, kui tergantung sing ngelakoni penguripanne dumunung ing Deso Dagang, Karso di enggo dadi Modin oleh Bumi Tanah Sangar.
Den ceritakake yen neng Deso Tanggul lan sekitare kui ijik Sangar ateges masyarakate akeh ngalakoni tindak tanduk sing abangan contone yoh ora adoh karo Pantangan Mo Limo kui. Budayane isih akeh sing maen judi, tandakan, lan sak pinunggalangane.
Setibone Karso tinandur kepilih dadi modin ing kono, masyarakat diajak nyang jalan kebagusan, ananging masyarakat blejani janji utowo ingkar janji.
Soko kene Mbuyut Karso agawe geger daerah Tanggul lan sekitare.
Awal carito yen wargo desa Tanggul sekitare arep rembug ngadakno Nyadranan lan nekakno tanggapan tandakan, wayangan sak liya-liyane sarta gorok Sapi. Mbuyut Karso ora rembug acara ngono kui, akeh Munkare tinimbang Makrufe, akhire Mbuyut Karso sarujuk tapi gawe kesepakatan yen bar acara kui tahun ngarep ngadakno tanggapan Terbang Hadroh yo uga gorok sapi. Wargo Tanggul setuju, akhire acara nyadran, wayangan lan tandakan kelaksanan.
Sak wese acara kui tibake masyarakat Tanggul ingkar janji, acara Terbang Hadroh besar-besaran sing direncanakno gorok sapi kedaden ora dilaksanakno. Teko kene atine Mbuyut Karso muntap agawe bales tindakan kanggo pelajaran masyarakat Tanggul sekitare.
Mbuyut Karso tetep nindakno tugase selaku modin ing deso kono, ananging saben-saben mari acara 7 (pitung) dino si mayit, mbuyut Karso muter Kendi suguhan tuan rumah duka, ing ngarep pelungguhane wong akeh, banjur dienteni mandeke, yen Kendi wes mandeg banjur ngadep ngetan, teruse mbuyut Karso ngomong : ” Wah dulur sedulur kito soko arah wetan deso bakal nututi pati, hadirot sekabehe undangan ngaji 7 (pitung) dino si mayit podo pucet yen ngrungokake omonge Mbuyut Karso kui. Yen ora lewat coro muter Kendi, Mbuyut Karso ugo sering menging wargo lanang yen bar sembayang shuboh, warga Dagang pernah dipesen karo unen ngene : Kang..dino iki ojo mergawe adoh-adoh soale bakal ono sedulur kita nindakake Kifayah..tegese mati tinggal dunyo. Awale wargo podo ora percoyo tapi bareng wes kebukten sampek ono wargo sing mati nganti 7 (pitung) Jiwo, wargo podo nyadari yen Mbuyut Karso kui mendem larane ati amargo wargo mayarakat ora gelem diajak nyang dalan kebagusan. Yoh koyo ngono kui kadegdayane Mbuyut Karso.
Kedadenan iki lerene utowo mandeg sak wese Mbuyut Karso disambangi Den Timat anake Kanjeng Sepuh Kadipaten Sedayu karo ngomong : Lah iyo kang Karso..sampek kapan larane ati riko kui biso mari lan ditambani..suwi-suwi wong Tanggul lak yo entek kang..ayo podo sing sabar wae po’o ngajak wargo nyang kebagusan. Bar kui kemuntapane atine Mbuyut Karso luluh lan wargo sing temruntun mati tanpo sebab mandeg tumeko sampek 7 (pitung) jiwo kui wae.
Sawetoro suwe leren dadi Modin tetep mulang Ngaji, neng katone aneh temen. Murid-muride kang diwulang iku dudu sak benere manungso, pancen bener akeh murid kang soko jin siluman lan sak pinunggalane.
Akeh wong kang meruhi, pancen Karso gede Karomahe-Chadame jin-jin akeh kang gumun lewo-lewo, menda-menda lan membo-membo.
Rumah tanggane Karso lan Raden Toyyibah gelek di dayohi Den Timat, anake Kanjeng Sepuh Sedayu, umume soko ing Ngampel Suroboyo, nanging ora ono sing weruh asal omah lan panggonane. Koyo- koyo katone Karomah Den Timat kui oleh Topo Tirakat Ijen-ijen lan dewekan wae.
Den Timat yen medayoh, ngucap kulo nuwun ujug-ujug wes Silo Adep Mejo, tuan rumah pingin aweh hormat, deweke mesti ngomong pun repot-repot, yen pamit permisi didoleki ora ono capete.
Den Timat dewe gelek medayoh nyang omahe Karso, tekok pundi Kang Karso..terus ketemu dijak konco lelungan, gelek dijak numpak Prahu nyang endi wae. Den Timat sering pesen karo Karso ojo gunem-gunem selagi lelungan ing dalan, ujug-ujug diobah titik wes teko enggone, ngeterno yo ngono bus cepet koyo kilat teko enggone. Ngampel Suroboyo sing gelek bus teko jujugane, bus teko andil di jejek bus teko Dagang, heran lan ngedap-ngedapi.
Pancen Den Timat akeh elmune, tapi sayang nganti seprene kok gak ono sing weruh jelase ing Ngampel opo Sedayu, opo klebu wong Topo ara kumpul sopo-sopo. Wong Ngampel kono tau crito, yen ono wong mati nanging gak weruh kedunungane wong endi, banjur dipendem ing pinggir Lor kawit biyen ono Kuburan gak weruh sing duwe gak ono sing nyatakno iku anak turune Kanjeng Sepuh Sedayu alias Doro Abdul Jalal.
Yen anake kanjeng sepuh Sedayu sing aran Den Badrun diangkat dadi Kanjeng ing Kadipaten Jombang, ugo koyo mengkono sektine lan dig doyo. Mangku Negoro ora pingin agawe larane rakyate. Ono wahoyo Banjir Gede, sambate wong cilik nelongso, banjur Den Badrun metu medar soko Kedaton. Menyang panggonan kang kebanjiran Den Timat nyabut Suket kang kelelep di sambatno maring kang Kuoso..sa ’ Kal dituruti sing Kuoso, banjir dadi Asat. Crito maneh ono wong di cekel lan didakwo nyolong ayam. Pancen maling yo susah ngaku, banjur wetenge maling ditabuh karo Den Badrun, wetenge maling mau Klorok Jago : Kuk..Kuk..Kluruk..yoh wes gak iso gak ngaku, terus ngaku yo nyolong. Bareng wes weruh sing nyolong, sing dicolong wes trimo dadi bubar kapok gak nyolong-nyolong maneh.
Jaman biyen isih jaman jajahane Londo pancen yo ngono iku carane Aparat Negoro, Pegawe Negoro. Pemimpin-pemimpin mengisor, Bupati – Kanjeng – Wedono sampek Petinggi-petinggi iku ngapek soko wong kang Dugdeng-dugdeng tur ora pasah tapak palune pande lan seti mondro guno.
Tapi jaman saiki seje adoh kudu wongkang ngelmu tata dunyo, dadine bongso ngelmu kuno-lawas ngedoh disik. Crito lan dongeng besoke bakal timbul maneh.
Ono sependapat critane Mbah Umar Khattab biyen naliko ditatar / ditabuh Londo utowo di tarap ing adepan Pengadilan Negoro amergo perkoro nyitak duwit. Mbah Umar Khattab ditekoki, kowe kok pinter gawe duwit, dijawab inggih pancen turunane wong pinter. Ditekoki neh, gawe ono ngendi, dijawab damel ing ngajeng sampeyan, pancen heran tenan.
Bareng wes oleh nyitak duwit oleh 3 karung, duwite dicemplongake ing Damar Sembilangan, panemu kang mengkono mau endi kang bener, lamun duwit 3 karung silem tur dolok ora biso di akal menungso. Sedengo nelayan pemburu iwak laut kang bantere koyo ngono biso di akal menungso, ojok papak duwit sing dolok maneh ora keno di nalar akal, damar Sembilangan sing jero di degno samono duwure biso katon sak paran-paran, tetenger Damar Sembilangan.
Bab masalah duwit kang dadi molo mau sing bener sing ngendi antarane disangono daripada dicemplongno. Luwih apik disita di obong ben leleh ora keno di poyo ???
Chamran sebutane H.Amir tau crito yen babat anyar-anyare ratan soko Glagah-Betoyo ono kang ngawiti duwe montor dijenengi montore MAS BARDAN, yoiku kang gelek diumpangi tambah ngetan terus tambah ngetan, oleh pancer deso njaluk mudun dadi tambah ngetan. (crito iki urung jelas karepe).
Ono maneh critane Mbah Nyai Mariyamah kang ono Glagah, kok jarene crito wong tuwo-tuwo, embuh temen embuh kliru penompo, yen Mbah Umar Khattab tumeko ing Deso Rayung di catur singidan / sliden delik ben ora di doleki karo Londo. Tur Londo yo ora perlu doleki kejobo yen Doro Umar Khattab bakal agawe perkoro maneh.
Akhir hayate Mbah Umar Khattab ayem tentrem lan anake kabeh podo dadi wong kang mulyo.
Perkembangane anak turun soko Bani Abunalek biso diwoco Ing silsilah Nasab Keluarga kang tinutur ing Lampiran-lampiran Silsilah Keluarga kuwi.
Wusononeng pungkasan uripe kang terakhir Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab sak klorone Wafat ing tanah kampung DANTEN. Miturut keputusane Sinuwun Kanjeng Sepuh Sedayu, Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab di sarehake ing Kubur MasKemambang Danten, kanti tetenger wit Sembojo ngapek teko Batu Ampar Meduro.
Wusanane tibo saiki kahanane tengeran wit semboja kok ora, tapi memper wae, sing pantes lan jelas kuburan Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab kuwi dikurung utowo dikepung wit sembojo, koyo kang disebut ing duwur mau.
Bab khaliyahe pancer benere petapaan pesarehane Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab iki, wektu gesange Yai H. Amir tau ngajak Pak Wak Wachid Dagang terus mampir nyang Masangan ngajak Bapak Abdul Manan, Cak Fathoni lan Cak Madjid. Sak tekane nyang kuburan Danten, banjur disodohke pesarehane Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab, sing sumareh ing ngisor wit pring kang okeh, lan cedak jurusan kali danten bekas petapaan labuh perahune Mbah Umar Khattab wektu semono.
Opo sebabe Yai H. Amir Dewe nyodohake pesarehane Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab, iki disebabke krono anake Yai H. Machali sing aran H. Murod wes tau agawe bangunan Maqom arep digawe tetengere Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab ing ngarep pintu gerbang mlebu Deso Danten, ananging kabukten kliru, mangkane Yai H. Amir perlu nyodohake petapaan pesarehane Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab sing bener, ben anak turune ojo nganti kleru yen arep ziarah ing kono.
Maqom Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab, katone rupo watu rodo dowo sumareh ing tanah kang rodo geneng duwur. Neng kono tetenger ono asmane Umar Khattab ing sebelah lor terus asmane Raden Zaenab ing sebelah Kidul dadine adu asmo tetengere. Kebenarane Maqom Mbah Umar Khattab sarta Mbah Raden Zaenab, iki ugo wes dibuktekke anake Abdul Manan sing Lanang Tuwo yoiku Fathoni lan sing Lanang Nom Dewe yoiku Mifta.
Sekarone wes tau nyekar nyang Maqom lan kirim doa ing kono jamak doa kubur kabeh sak keluarga, amreh ngunduh fadlilah syafaate mbah mbuyut kang Karomah mekaten kanggo agowo kabekjan lan manfaat ing dalem urip lan ngibadah.
Anak turune Mbuyut Karso lan Raden Toyyibah sing mergawe ngemong rakyat yo iku Mbah Yai Chamran H. Amir sing dadi Petinggi neng Tanggul lan Dagang. Sak durunge dadi petinggi Yai H. Amir pernah ngelakoni dadi Kepolo Peteng ing daerah Lor wetan, mulai Deso Karang jarak, Kemangi, Gumeng, Ngawen, Tajung lan sekitar Sedayu. Neng kono Yai H. Amir dikonconi dulur Tuo yoiku Wak H. Machali, kanggo mengku tambak keluarga lan ngawasi keamanane tambak ing wilayah kono iku yoiku tambak buntung, sing sak iki keduwe keluargane H.Amenan sembayat. Tambak penenggalan keluarga iki di jual soale Yai H. Amir ngeroso gerisinen karo omonge dulur-dulure kabeh, jarene Yai H.Amir yen gowo iwak urang Lanang soko tambak dituduh wes di dol neng pasar urang sing wadon..akhire yoh sido kejual tambak kui.
Jamane Yai H. Amir dadi kepolo peteng kondang yen ora ono wong wani maling, soale yen ketemon bakal remek awake maling iku. Soale sedulur loro Yai H. Amir lan H. Machali wes kondang jago silat kang dugdeng ing daerah Manyar, Bungah , Sedayu lan sekitare.
Jaman dugdenge Yai H. Amir lan H. Machali iki ugo tau ngewangi H. Abdul Kadir Jatisari sing jaluk tolong menehi pelajaran wong lanang kono juragan Dokar sing duwe bojo ayu, terus H. Abdul Kadir kepingin ngarepno bojone kui, bareng wes ketemu yo sido dicegat dokare banjur diuncalke nyang seberang kali, seketiko bojone diwehno H. Abdul Kadir.
Yai H.Amir ugo sering mergawe dadi juru babat dalane PU..soale wes kondang agawe ngentaske barang-barang kang bebayani ing endi-endi panggonan sing angker okeh lelembut jin prayangan sing wes dientaske kaperlu digawe dalan umum, tau kedadehan anak buahe Yai H. Amir wektu ngerjakno dalan jurusan panggang sing okeh wite pandan gede-gede terus dibabati, gak suwi anak buahe pas kerjo awake biso muter koyo kekean memeng sirah neng ngisor.
Yai H. Amir dewe topo tirakate poso meluang lawase 40 dino ing ngisor wit asem neng buri omah dagang sing saiki panggone anak bojone Khotib. Poso mluang lawase 40 dino ora mangan ora ngombe yo ngono iku kelakohane anak turune Raden Toyyibah binti Raden Naliyah bin Doro Umar Khattab bin Doro Kyai Mukoddas bin Doro abdul Karim bin Doro Sultan Abunalek. Mangkane koyo ngono iku tekade anak putune turun sembilangan yen wes duweni niat lan tekad, mulo mbah mbuyut Raden Toyyibah ngucap pawekasan yen turun meduro ojo ono meneh sing nglakoni Topo Tirakat poso 40 dino koyo sing dilakoni Yai H.Amir kui, sebabe kudu ono sing ngawasi langsung lan tedak turun sembilangan, yen ora yo biso gampang ilang wujud kemenungsane..koyo sing dilakoni anak turune Kanjeng Sepuh Sedayu kang akeh podo ngilang dadi jin tegese lepas soko wujud kemenungsane. Bar wes 40 dino Yai H. Amir diangkat soko panggonan topo tirakate, koyo wong mati suri, banjur dirawat Mbah Nyai Raden Toyyibah dewe..diseko awake, saben isok sore kuping disebuli asepe segho panas gawe pincuk godong gedang. Terus bagean mulut ditetesi tajin segho, amreh balekke kekuatan fisik lan awak badane Yai H. Amir. Kurang luwih Rong (2) minggu fisike Yai H. Amir biso semporno maneh ateges jasad lahir lan batine. Koyo mengkono iku topo tirakate Chamran H. Amir, mangkane ojo ono meneh anak turune sing kepingin niru.
Wektu jaman Londo omahe Yai H. Amir sering digrebek cakra amergo sering ditekani Londo ing kono. Satu ketiko pernah omah Dagang di kepung karo senjata lan ditembaki, Yai H. Amir merintah anak-anake turu lan tiarap neng jogan kabeh, banjur Yai H. Amir memburi nabuh bende yen nandakke ono wahoyo..gak suwi tembakan leren. Syukur marang Gusti Alloh kanyatan ora ono sing keno mimis pelurune cakra, nanging wektu kuwi daerah Tanggul Manyar sekitare wes kobar yen Chmran Amir wes mati ditembak cakra. Kabar iki ngagetku wong sak manyar sekitare, termasuk Kiyai Mugni yo yakin yen pancen H. Amir kui wasis insya Alloh ora bakal mati ditembak Cakra. Kiyai Mugni keplayu nyang omah Dagang, kebukten H.Amir sekeluarga selamet kabeh, akhire H. Amir dirangkul-rangkul, lan ngucap Berkatullah..wasis tenan Chamran anakku..sliramu bener-bener anak turun soko sembilangan, ora cukup kuwi Kiyai Mugni banjur Dungo ing tiap-tiap cagak pojoke omah. Kedadehan iki memang gumunake soale bareng di etung mimis peluru sing nembus gedeg papan omah kurang luwihe ono 97 mimis peluru, nanging ora ono siji mimis sing keno neng awak, termasuk ugo wedus neng kandang buri omah yo selamet kabeh.
Neng kedadehan kui ora mandeg neng kono wae, urung puas olehe ngajag patine Yai H. Amir, akhire sido tenan kampung wong Dagang diobong, sakjane omahe Chamran H. Amir ora biso kobong soale Bapak Abdul Manan tau Crito yen omah Dagang kui wes di rajah lan dipasang pusoko Trisulo ing duwur wuwunge, neng piye maneh bareng katon omah Yai H.Amir dewe sing ora kobong, akhire disiram minyak kabeh gedege banjur diobong.
Yo koyo ngono kui wektu jaman Londo, kabeh dadi serba salah, yen ono sing nemoni Londo dianggep anteke Londo karo Repeblik, neng ora gelem nemoni bakal nerimo ganjaran pati utowo dadi buronane Londo.
Tau ono cerito yen Cakra Londo lan Repeblik kui dolek-dolekan lan musuhan terus, akhire sing dadi korban yo wargo setempat, luwih-luwih maneh petinggi sing dicurigani kongsi karo Cakra, pihake Repeblik tanpo rembug jupuk patine wargo sing dicurigani, koyo petinggi Gumeno sing akhire mati ditembak Repeblik sing dipimpin Habib lan Kancane soko Manyar, neng akhire tau di elengke yen jupuk patine wong urung pas abakal nuntut bales pati nyang awak dewe. Gak lidok gak suwi soko kedadenan kuwi akhire tentara Repeblik Habib lan kancane keno glebeg Cakrane londo, wes ra iso ales meneh, akhire kedadean adu tembak, kancane ono sing mati terus Habib dewe awake keno tembak parah getihen mlayu neng omah Dagang, terus diobati Yai H. Amir karo endoke ayam. Bareng rodo waras Habib diterke nyang markase ing Manyar karo Bapak Abdul Manan, neng Komandane malah nuduh yen Bapak Abdul Manan sing jebak Habib lan nuduh dadi mata-matane Cakrae Londo. Neng markas manyar kabeh do sibuk ngramut Habib sing keno tembak kuwi, markase di tinggal Komandane, akhire Bapak Abdul Manan yo dewekan, banjur dipileh mulih wae nyapo nunggoni Markas, karo ngrenteg awes ditolong malah nuduh sing ora-ora.
Neng bareng wes tekan Dagang, Bapak Abdul Manan yo nompo perintah meneh karo Yai Kaji, yen kudu jupuk bangkine kancane Habib sing mati ditembak Cakra. Akhire Bapak yo tibo dilakoni ngentas bangki kui soko kali nyang perahu sing wes disiapke wong Tanggul. Bareng bangki diangkat, critane Bapak, nuturno getehi bangki sing ketembak Cakra kuwi langsung manter koyo pancuran wae, padahal wektu neng banyu getih mau metune koyo kepule asep rokok. Bangki diangkat nyang perahu terus digowo nyang Tanggul krono wes disiapke acara pekuburane ing Tanggul. Tapi sak wese bangki diangkat digowo perahu, gak lidok Bapak yo ditembaki Londo lan Cakra soko adohan..nanging Bapak terus wae melayu karo dedungo, lan sesepisan noleh ing arah tebakan kui. Neng akhire Bapak selamat Rahayu sampek Dagang soko pitulunge Gusti Alloh.
Wektu Yai H. Amir dadi petinggi Tanggul Dagang, tau ono crito yen Deso Tanggul ono warga masyarakate sing kemalingan wedus sak pranak ateges wedus sak umbaran yo kiro-kiro jumlahe 20 (rong puluhan) lebih. Sing nyolong yo tergolong wong dugdeng..jenenge fauzan, tapi dudu Wak kaji Fauzan Manyar..iki wong Tanggulrejo..awake yo gede dempal duwur, bareng ditangkep Polisi Manyar, kabeh doh wedi soale si fauzan maling iki, diborgol gawe keceke Polisi tapi borgole rantas alias pedot kabeh.
Ora suwi ono utusane Komendan Polisi Manyar nyang Yai H. Amir, ngomong yen diperintah jaluk tulung piye carane ngiket fauzan ben ora pedot terus borgole. Banjur Yai H. Amir menehi tali sing digawe teko benang Lawe, kiro-kiro yo wes di jampeni utowo dirajah. Sak tekane Yai H. Amir nyang tangsi Polisi lawe digawe naleni tangane si fauzan, bener tenan deweke wes ora iso budi meneh, malahan yen wengi berok-berok jare kelaran tangani yen ditaline Lawe kui. Polisi nyoba medot tali lawe gawe piso, gunting utowa gaman liyane nanging ora mempan kabeh. Polisi manyar kepekso malyu neh nyang omahe Yai H. Amir Dagang kaperlu jempot Yai H. Amir gawe nguculi tali Lawe sing ngiket tangane si maling fauzan. Bareng wes ditekoki yen kapok lan gelem ngakoni perbuatane kabeh, si maling fauzan diudari tali Lawene nganggo coro dinyonyok gawe genine rokok.
Ono crito meneh wektu Yai H. Amir konperensi Rebu-an nyang Manyar, diteruske nyang Gresik, kolo semono Yai H. Amir gawe sepeda jengki Pongres tergolong apik wektu kui. Yai H. Amir nyang Gresik sak perlu arep dolekke titipane Mbok Nyai Raden Naliyah yoiku pesen “Delimo Cengkeh Telu” alias sak gagang wit iku ono wohe 3 (telu), jarene iku tambane wong tuo-tuo.
Bareng wes tekan pasar Gresik, Yai H. Amir langsung doleki tempat dodolane bua-buahan neng kono. Bareng disawang-sawang pancen bener lan kebetulan ono delimo cengke telu kuwi, banjur ditakokke regane karo si Bog Meduro (julukane wong wedok meduro sing dodolan), terus dibayar wae ora nganti dienyang. Tanpo dimengerteni Yai H. Amir, tibake delimo cengke telu kuwi dadi rebutan wong-wong meduro sing podo ngarepno. Gal lidok dadi rame neng kono, akeh wong do mlayu nyawang kedadian kuwi, tapi jenenge Yai H. Amir, yo ora mungkin banjur mlayu, cancut tali wondo, wes kebacut yo diladeni wae. Tumeko Yai H. Amir dikeroyok wong-wong Medoru gawe gaman lan Clurit.
Sak piro wae jagone yen dikeroyok yo mesti wae kuwalahan, ora lidok Yai H. Amir ngeroso awake kesabet gamane wong sing ngroyok, rumangsane ono gaman sing nembus weteng lan lempenge, kabeh klambi rangkep 3 (telu) sing digawe yo bedah kabeh termasuk Jas, rompi, kemejo, lan kaos jero.
Bareng wes ngono sing nroyok bubar, Yai H. Amir banjur nyuwek sebagiane jarik sing digawe kaperlu digawe ngudeti klambi lan awake sing rumongso ditembus gaman mau. Terus bali muleh, wektu kui Bapak Abdul manan ijih cilik lan biasae dijak mapak Yai H. Amir neng dalan karo Nyai Kaji terus ngomong, loh kae opo Bapakmu..tapi ono opo kok klambine podo kleweran ngono. Sak wese nyang omah.. Yai H. Amir ngomong yen aku ki mau kenek waoyo mbok..dikroyok wong meduro neng Gresik mau..! bar kui Yai H. Amir, nyang omahe Wak Kaji Machali..perlu gae ngecek lan nambani awak sing disodok gaman mau. Sampek neng omahe H. Machali, Yai H. Amir ngomong..kang aku ki mau bar dikeroyok wong meduro neng Gresik, terus rasane weteng iki ketembus gaman..cobak ditontoni kang..! tapi H. Machali nyempelak ngomong..la yen anak turune Bapak Karso lan Raden naliyah..mestine yo ora tedas tamake gaman Chamran..! bareng dibuka pancen bener ora ono babar blas awake Yai H. Amir sing kecaton gaman, banjur digawe mulih nyang omah neh.
Bareng neng omah kui Yai H. Amir katon yen gamane sing sing digowo konferensi Reboan nyang Gresik mau padahal ono neng tas sing didoleh nang mejo. Banjur Yai H. Amir nyambat ngene..La iyo gaman..kowe iki mau melu aku kok yo ora ngelingke babar blas yen kegowo melu aku, wong yo aku nemoni wahoyo ngono. Sak wese kedadean kui..bengine gaman kui langsung ilang lan bali meneh nyang ceketeng Deso Tanggul lawas.
Critone gaman kui rupane Pedang ono tulisane Muhammad Rasululloh..jare kyai Mugni..pedang kuwi termasuk pedange Kanjeng Nabi sing mencelat nyang tanah Jowo. Pedang kui iso keduwe Yai H. Amir asale ditemokke oleh bocah-bocah sing biasa angon wedus neng daerah Tanggul banjur diwehke Yai H. Amir kui. Nurut cerito neh pedang kui yen ilang mesti bali nyang daerah ceketeng Tanggul meneh, tur sing bakal dikatoni yo mesti bocah-bocah angon neh. Gaman kui anehe yen diwehi sarung, biso sumeleh dewe-dewe antorone gaman lang sarunge. Rupone mengkilat putih lan ngelengo terus klimis-klimis. Lawas-lawase cerito Gaman kui saiki keduwe Juragan Kebo neng Sumedang.
Yai H. Amir weketu dadi petinggi neng Tanggul dagang ugo sok patroli keliling Kampung karo gowo lampu ting melik-melik..kanggo ngawasi lan ngerteni dewe kahanan keamanan kampung kono, neng bareng wes diamati tenan sakjane ting utowo damar coplik sing keliling deso mau kanyatan ora ono wonge sing gowo. Jare wargo sing ngerteni iku ngono ateges prewangane petinggi Chamran sing patrol, akhire saben wektu bengi yen katon damar coplik..wargo-wargo Dagang lan Tanggul unen-unen..lo kae damar coplike petinggi Chamran wes patrol..!
Bab khaliyahe Haji Machali..kui dulur tuo lanange Yai kaji Amir, wes koyo dianggep wong tuo dewe. Wak Kaji Machali dikenal dog deng ugo wektu uripe..yen nengendi-endi ono perkoro nyang daerah manyar glagah lan sekitare..biso dipastekno yen Wak Kaji Machali melu tandang kanggo kebenerane perkoro.
Wak Kaji Machali uga amergawe tukang gembleng kesakten wong..istilahe ngisi awak ben kuat ora papak paluneng pande..sampek saiki sing diteruske anak turune H. Tolaby Dagang. Kesenangane lan kebiasaane wektu urip angon ulo neng buyung..yen isuk ulo diculke nyang kali tapi yen sore diundang muleh neh nyang buyunge..angon koyo ngono kui kaperlu dijupuk upase kanggo tombo lan tetulung.
Nurut Bapak Abdul Manan dicritani Yai Kaji amir..wektu uripe wak Kaji Machali saking senengane ngisi awake, dadi gegaman opo wae yen iso dilebokke awake..tegese gegaman sing duweni khadam. Gaweane endi-endi ono gaman lan keris mesti diseleh..padahal kui arep dijupuk isine nganggo coro diplurut gawe tangan terus gaman kui ngetokke tetesan banyu neng gelas, banjur tetesane kui sing diombe Wak Kaji Machali..dadine yo gaman kuwi yo dadi rongko kosong yen dimangerteni secoro utuh. Mangkane Yai Kaji Amir meling Bapak, ojo pisan-pisan duduhke gaman nyang Wak Kaji Machali..soale yo gak wurung gaman kui dadi rongko kosong wae isine bakal disesep.
Ilmune wak Kaji Machali sing gawe kondang yoiku ilmune Ngilang kang gawe watu lan krikil..endi-endi watu diuncalke, awake wes nibo neng panggonan watu kuwi. Jare kabar-kabare..Wak Kaji kui budal Kaji ora gawe opo-opo, yo mungkin gawe ilmune sayepi angin kuwi..akhire biso sampek Arab lan Mekkah, sampek dadi Kaji.
Isih nyambung carito keluargane wak Kaji Machali ugo..yen bukti nyotone saiki antarane keluargo soko turun H. Amir lan H. Machali pancen lagi neng-nengan koyo wong bener ora wawoh. Kui pancen ono jalarane yoiku soko tumindake H. Murod (anak tuo H. Machali).
Wektu tahun 78 (petung puluh wolu), Man Mat Chafit lan Kaji Duki isih mergawe garap tambak neng Meduro, banjur merlokake Diesel gawe nguras tambak. Rencanane Man Mat arep nyewo diesele wong Manyar, neng akhire kabar kui krungu karo kaji Murod terus akhire tekok Man Mat, jare kowe butuh diesel gawe nguras tambak neng Meduro..opo bener kui..! dijawab Mam Mat..bener ji,, yo kurang luwihe 5 (limang) dinoan ngono. Akhire Kaji Murod nawakno diesele..karo ngomong..yo wes digawe dieselku wae to Mat..akhire sido digawe diesel kuwi mau tekan Meduro. Sampek urusane rampung lan diesel mau wes dibalekke nyang Kaji Murod.
Man Mat Chafit sak banjure balekke diesel, mampir nyang omah Yai Kaji Amir banjur ditekoki llan ono omongan ngene :
Kowe mau teko ngendi Mat ? dijawab saking mbalekke diesele Kaji Murod pak..terus ngono kui kaji Murod jaluk sewan ora? Inggih nedi pak la wong digawe kerjo 5 (limang) dino neng Meduro. Lah bayar piro..bayar 75 (petung puluh limo) ewu pak..Oh ngono yo..lah kok apik tenan kelakohane kaji Murod..kawit Cilik ditinggal mati Bapake (H.Machali)..wes tak anggep anak dewe..lah kok saiki karo dulure dewe wae koyo ngono tumindake..!
Atine Yai kaji Amir Muntap..ora ngenteni dino meneh, dino kuwi ugo Yai Kaji ngelabrak kaji Murod nyang omahe (sebelahe omah Bek Sani)..mbengok karo mengkerik nyang ngarep lawang omahe Kaji Murod..bareng kaji murod wes muncul langsung wae disamber omongan la iyo apik tenan kelakoamu ji..kok tumeko kowe nyewakke diesel 75 ewu karo adik-adikmu dewe kui..kowe rumongso ora yen tanah omah sing kok encepi bangunan iki isih tanhku bener-bener..wektu kui kaji Murod jawab, inggih Kulo ngerti pancen niki tanah sampaeyan Pak..! yen ngono kawit dino iki angkaten kabeh barang bagunan lan omahmu soko tanahku iki.
Neng wektu kuwi kaji murod ngomong yen deweke njaluk wektu lan tempo gawe rembug karo dulur-dulure kabeh lan janjeni yen dino minggu ngarep Yai Kaji Amir biso teko meneh neng omahe kaji murod.
Tumeko dino sing wes disepakati..akhire yai kaji amir menyang omahe kaji murod maneh kaperlu nagih janjine kaji murod ndisik. Tapi opo sing kedadehan..Yai kaji amir neng kono ora disambut gawe coro apik karo kaji Murod sak dulure..neng diadu karo anake kaji Murod sing tuo dewe. Kedadehan iki ngrungu karo Maslacha anake Pak wak Wachid banjur mlayu mulih nyang omah Dagang karo ngomong “Man..cepet..sampeyan jupuk Yai Kaji Amir blahen man..yai kaji rebut karo kaji murod sak dulure lan anake.
Ora suwi akhire Yai kaji dijupuk Bapak Abdul Manan..dibujuk mulih wae tinimbang ribut..wong wes tuwo kok ribut, ora pantes. Tapi Yai Kaji ngomong, lah Bapak iki mau jare dijak rembugan karo kaji murod sak dulure, tapi tibane kok disuguhi anake kaji murod sing ganteng kui karo mengkerik-mengkerik nang pojok ruang omah. Banjur Bapak Abdul Manan yo melu rodo cincing gulung tangan, karo nyuding anake kaji murod mau..karo ngomong hee kowe sing ngaku ganteng gagah..kowe ngerti ora iki Abdul Manan Bapake wong sak Masangan..kowe rungokno urung ono ceritane anak turune Kaji Machali sing wes ngletak wong..durung wayahe kowe ngedepi wong sak umuranku..opo meneh Bapak Kaji Amir..kowe jik ijo isih ambuh uyoh.
Soko kedadehan kono kui akhire hubungan keluargo antarane Garis keturunan H. Amir lan H. Machali ora gatuk, sampek tumeko Yai Kaji Amir tinggal dunyo. Wektu Yai kaji Amir ngunduri loro nemen, Bapak Abdul Manan sak dulure wes gelek bujuk Yai Kaji yen biso ngapuro karo kaji murod sak dulure..neng yai Kaji Amir malah nyempelaki omongan..”ora biso..la sing orip wae ora gelem jaluk sepuro kok kowe podo repot..kowe kabeh anak turunku..podo ileng-ilengen..ojo celok Kaji Amir yen sesok kaji murod ora mbrangkang nyang kuburanku.
Rejiki, jodoh lan pati ora katimbalan neng kabeh manungso kudu siap anrimo janji lan pandum soko Kang Moho Kuoso.
Yai Kaji Amir akhire katimbalan deneng kang Moho Kuoso tahun 1982 (sewu sangangatus wolung puluh loro. Kanggo keluargo besar Bani H.Amir rasane banjir loh moto lan koyo mendung katone ing kabeh manahe anak putune H. Amir. Yai Kaji Amir disumarehke ing tanah pekuburan Keluarga, ing sebelah Kidul Mesjid Deso Dagang.
Sak marine lungane Yai Kaji Amir iki, hubungan keluargo anak turune Yai Kaji Amir karo keluargane H. Murod koyo kabel pedot, kabeh kuwi amergo tumindake H. Murod dewe. Sakjane yen dipikir coro lumrahe wong jowo ono paribasan “ Tego larane ora Tego Patine”, tapi opo sing wes ditindakke H.Murod sak kelurgane kok yo tumeko tego, Yai Kaji Amir wes tumeko sedo nanging ora ono babar blas dulur lan anak putune H.Murod sing melu Kifayah wektu kuwi.
Lungane Yai Kaji Amir tau nenggal omongan lan ngucap “ Ojo celuk Chamran H. Amir, yen sesok H. Murod ora brangkang nyang kuburanku “.
Tumeko lawas-lawase dino akhire, opo sing diunekke Yai Kaji Amir kuwi dadi isarah pancen bener, kuwi kabukten karo kedadehan lan musibah sing tumuju neng keluargane H. Murod. Awal kawitane ora dirumangsani, neng akhire keluargane H. Murod nyadari mungkin bilahi koyo iki rupane amergo kesalahane karo Yai Kaji Amir.
Banjur akhire H. Murod tumeko ngutarakke karepe ati yen keluargone ajaluk seporo opo sing wes ditindakke wingi-wingi kae bener keliru. Neng ibarate “Beras wes dadi Bubur”, Yai Kaji Amir wis sumareh ing Pekuburan. Wektu gesange Yai Kaji Amir ora moro neng wektu wis sedone..kalunto-lunto dolek pangapuro. Dadi isarahe Yai Kaji Amir kuwi pancen bener, “Ojo celuk Chamran H. Amir, yen sesok H. Murod ora brangkang nyang kuburanku“.
Sakjane hubungan keluargo anak putune H. Amir lan H. Machali kuwi ora ono masalah, yen tumindake H. Murod awit kawitan gelem jaluk sepuro, neng wis kebacut tego sampek patine Yai Kaji Amir. Yo mugo-mugo wae anak putune kekaro keluargo iki biso nyambung maneh lan rukun. Soale wektu gesange Yai Kaji Amir lan Yai Kaji Machali, kuwi bener-bener seduluran sing rukun. Yai Kaji Machali dianggep Yai Kaji Amir koyoke Bapak dewe kerono dulur lanang tuwo sak marine ditinggal Buyut Karso.
Masalah andum ilmu kamukten ugo ora bedak-bedakno anake sopo. Mangkane Yai Kaji Machali ugo tau mulangi Bapak Abdul Manan ilmu lan Molekatan Syech siti Jenar sing kewaris langsung soko Tetuone turun Keluargo soko Meduro.
Molekatan warisane Wak Kaji Machali sing kewaris nyang Bapak Abdul Manan,kuwi ngene.. ceritane molekatan iki ora biso ditulis lan oleh moco ora entuk keprungu wong meteng, biso kebarus kepanak. Dadine Molekatan iki carane mulang kudu neng alas utowo tegalan amrih adoh lan sepi ben gampang dimangerteni.
Molekatan iki jenenge Molekatan Syeh Siti Jenar ; Mbah Abdul Jalal lan Jamak Wali2 Kabeh se Jowo. Anak turun putune Yai kaji Amir sing wes nyekel Molekatan iki sakjane ono 2 (loro) yoiku Den Mifta anake Bapak Abdul Manan Masangan, terus karo Huda anake Abdul Madjid Grogol, kapernah putune. Nanging teko arek loro iki, sing biso diwulang nganti lancar karo Bapak Abdul Manan yoiku Den Mifta wae. Wektu kuwi diwulang sambi macul neng ngalas, abubuti suket, ndangir kacang lan liyane. Sampek dibolan-baleni nganti apal Molekatane kuwi. Akhire yo molekatan kuwi wes temarep karo awake Den Mifta, sing tugas ngumboro ngabdi ing negoro nusantoro yoiku neng Pulau Flores, kang adoh soko tanah Jowo.
Ono telung macem barang kang dirumat Den Mifta iki..yoiku siji kang karupo Kitab Qur’an Stambul Cilik katulis tinta emas utowo dikena “Handarun”.. Loro karupo Ali-ali Merah Delimo..terus ketelu ketambahan karupo Molekatan Syeh Siti Jenar kang ora biso den tulis lan woco sembarangan kui..kabeh kui wes temalep neng awake Den Mifta.
Bab khaliyahe Kitab Qur’an Handarun kui..asale soko gurune ngaji Bapak Abdul Manan..neng Tanggul, jenengi Mbah Mbuyut Karim..nurut Bapak Abd.Manan.. Kitab Qur’an Handarun kui biso diwenehke kerono Bapak Abd.Manan oleh Ngaji pinter dewe lan lancar. Yo pantes wae soale Bapak Abd.Manan pancen tau deres Qur’an neng Pondok Apalan Kyai Muhammad Sedayu (saiki pondoke Kiyai Daud), karo H. Tolabi Tanggul. Wektu Kitab Qur’an Handarun kui diwehke Bapak, umure Mbuyut Karim kuwi kurang luwihe 50 (seket) tahun, terus Bapak Abd.Manan umure kurang luwih 25 (selawe) tahun. Terus ketibo diwenehke Den Mifta wektu kui umur 22 (rolikur) tahun. Dadi yen dietung-etung umur Qur’an Handarun kui wes kurang luwihe 100 tahunan.
Wektu semono Den Mifta arep nindakke tugas abdi negoro nyang Nusantoro wetan.. ngeroso dadi anak paling nom, ibarate manuk durung pepek elare, urung genep ugo olehe nyesep ilmu kamulyan urip neng kok kudu nenggalke keluargo kabeh sing dadi pesanggrahane urip.
Sak banjure Qur’an Handarun wes dirumat Den Mifta..okeh kedadehan sing miturut awake Den Mifta kui aneh lan ngegumunake. Ono perkoro 3 (telu) sing gede dirasakke Den Mifta naliko tugas nyang Puskesmas Boawae Flores NTT antarane wektu 1992 sampek 1995.
Kedadean sing kawitan, wektu Den Mifta mimpin wargo Deso Mulakoli Kec.Boawae bangun sumber air kanggo deso, nanging ono masalah kerono kudu bedol gunung lan dalan akhire sampek diancam pecat sing sopo mimpin kerjo kui. Ananging Den Mifta kerjone memang benar kanggo masyarakat, dadi sampek Bupati (Johanes Nani Ao) wektu kui ngamuk ngecek nyang Deso Mulakoli lan tekok sopo sing mimpin kerjo agawe sumber air neng duwur deso iku. Wargo deso lan aparat siji wae oro ono sing nyebut-nyebut jenenge Den Mifta, kabeh ngakoni yen kerjaan kui disepakati wargo deso kabeh, tumeko dadine petinggi neng deso Mulakoli kepekso kapecat wektu kui. Yo koyo ngono iku belo sarujuke wargo masyarakat Mulakoli karo Den Mifta neng tempat tugase, padahal yen dipikir Den Mifta neng Nusantoro wetan ora duwi keluargo sopo-sopo neng kok yo biso agawe pengaruh wargo masyarakat kono.
Wektu semono yen proyek sumber air mau sido kaleksanan, Den Mifta arep diwenehi macem-macem karo warga Deso Mulakoli, koyo kebun kopi, villa pondokan sederhana neng lereng gunung Ebulobo gawe istirahat wektu liburan, tur kewan-kewan ternak (Kuda lan Sapi ) lsp. Neng sakjane ora kuwi sing didoleki Den Mifta, kahanan warga masyarakat sing bener-bener sengsoro butuhake sumber air kui sing dadi dasar perjuangane gawe bantu wong cilik.
Wektu tahun 1994 kui, wektu proyek sumber air Mulakoli arep dilaksanakno pancen akeh kepentingan politik sing Den Mifta ora mangerteni. Den Mifta dewe ugo tau ditimbali karo Camat Boawae wektu kuwi (John Elpi Parera), kaperlu nakokke jane ono niat lan tujuan opo Den Mifta ngrewangi warga Mulakoli gawe sumber air kuwi. Karo Den Mifta Camat Epi diwales omongan yen deweke ngrewangi warga masyarakat kuwi bener tulus ora ono imbalan lan tujuan macem-macem. Den Mifta yo nambahi omongan yen deweke kuwi anake Lurah 23 (telu likur) tahun dadi biso mangerteni opo sing dirasakke warga Mulakoli sing kekurangan sumber air kuwi.
Den Mifta ora sido kapecat Bupati neng proyek sumber air warga masyarakat Mulakoli akhire kasendat-sendat lan mandeg.
Kedadehan sing kapindo, Den Mifta tau arep dipateni wong goro-goro nindakke tugas ngawasi kualitas sumber air neng wilayah Deso Ratongamobo Boawae. Wektu kuwi Bulan Maria ateges bulan-bulan sembayange warga Katholik neng Flores, terus ono isu yen bakal ono wong Muslim anggota ICMI sing diutus nyang tanah Flores kaperlu agawe corak Islam neng kono. Den Mifta dituduh ngeracuni sumber air neng telogo Pisa-Ekozoza. Deweke ora ngerti yen dituduh koyo ngono, banjur niate kepingin menehi pengertian kanggo warga Watugase neng Puskesmas Pembantu Watugase, nanging kondisi emosi warga wektu kuwi wes ora biso dikendalekke. Kabeh wong lanang nom podo ngepung Pustu karo ngumbar caci maki lan suworo nantang marang Den Mifta gawe omongan sing ora penak dirasakke..nganti muni..Hei orang jawa yang cari perkara, cepat kamu keluar kami semua mau bantai kamu disini, ayo kamu tunjukkan yang bilang kamu kebal semua senjata, kami juga sudah siapkan bambu kuning, kayu lirik dan gamal untuk memukul kamu...! neng akhire kabeh kuwi den Mifta biso selamet rahayu ora sampek kedadehan opo-opo.
Kedadehan sing ketelu, Den Mifta tau ditabrak Bis Agogo neng ora opo-opo. Bis sing nabrak kuwi Bis penumpang angkutan umum jurusan Ende-Ruteng. Kedadehan iki ugo gemparke wong sak Kecamatan Boawae (panggonane Den Mifta Tugas wektu kuwi antarane Th.1992-1995). Ceritane wektu kuwi dino Jum’at, dino kang agung nurut Den Mifta krono pas dino kuwi wong Muslim sak dunyo kabeh bakal nindakke Ibadah Sholat Jum’at. Mangkane kebiasa’ane Den Mifta yen dino Jum’at ora bakal lelungan adoh karo ngomahe amrih ben ora ketinggalan oleh nindakke sholat Jum’at mau. Neng wektu kuwi anake Dokter Candra, si Reza loro diare berat wes ditambani opo ora biso, banjur wektu kuwi Den Mifta arep mulih kantor siap-siap nindakke jum’atan neng Dokter Candra teko jalok tulung deweke dino lan jam kui kudu dolek obat nyang Ndora, panggonane Kesusteran Ndora neng arah Aegela. Sak banjure mangkat nyang Ndora kuwi Den Mifta dikancani si Made Yogi, konco tugas sing arep Posyandu neng Deso Raja. Wektu kuwi panden Den Mifta dikenal tukang ngebut lan balap yen gowo sepeda motor. Critane arep nyalib prahoto neng ngarepe, neng langsung ketemu tikungan 90 ( sangampuluh derajat), banjur ono bis Agogo, ora iso dihindari, kedadehan tabrakan..motore Den Mifta sleok-sleok, made mecetat neng kiwo, banjur motor tibo. Den Mifta kurang luwihe 15 detik mungkin ora sadar, banjur wes sadar, ngeroso ngglosot neng dalan, tangki motore pesok separo, celono Den Mifta kang sebelah tengen awit sikil nganti bokong ngecap warno abang branang koyok getih..akhire digowo neng Rumah sakit. Bareng wes diperikso dokter kanyatan dinyatakke ora opo-opo..! kedadehan iki sempat gawe gempar wong sak kecamatan Boawae..okeh sing ngabarke yen Den Mifta wis sedo ditabrak prahoto, neng nyatane ora opo-opo. Okeh konco pegawe lan wargo sing kepingin nyambangi kahanane Den Mifta kuwi termasuk poro dukun sangkal putung soko deso sing biasa disambangi Den Mifta nindakke tugas, dukun-dukun kuwi teko amreh aweh petulungan..ojo nganti Den Mifta sampek patah tulang amergo kecelakaan kuwi. Neng Den Mifta nolak sawetoro amergo wektu kuwi wes ditangani poro dokter dadi sesok yen wes rodo kepenak biso disambung gawe coro dukun sangkal putung. Neng roso pitulung wargo sing gede tetep gowo ramuan minyak urut sing rupane soko lengo kletik, kunir, haliya, lan liya-liyane..neng bareng digunakke pancen bener manjur, iso ngurangi roso loro neng sikile Den Mifta sing ngalami tabrakan kuwi.
Barang ketelu karupo wacan apalan Molekatan Syech Siti Jenar, yen nurut critane Bapak Abdul Manan Molekatan iki biso nyelametke awak soko wahoyo sing ora diperkirakno, tapi Bapak ugo ngandakke yen Insya Alloh sopo kang apal Molekatan iki biso selamet soko bencono runtuh utowo longsor soko duwur kang jarake 200 (rongatus meter). Molekatan iki Bapak Abdul Manan kang mulang ing jobo omah, wektu kuwi diwulang ing tengah kebung ngalas kae, karo adik Huda ning sing bisa apal Molekatan kuwi cuman Den Mifta. Kok diwulangke nyang ngalas soale syarate kuwi ora biso diwulang neng omah, kuwatir keprungu wong wadon sing lagi bobot utowo khamil biso kedadehan keguguran, lan yen ono wong liyane keprungu Molekatan iki banjur ora mengerteni opo maksude biso-biso owah pikirane.
Yo koyo ngono kuwi anak turune Wargo Sembilangan Meduro, okeh ilmu sing dirapal kanggo anjogo awak soko cobo lan belahining urip tur kabeh kuwi wes kasunyatan lan kebukti. Sing penting sopo kang biasakno Wiridz Molekatan sing wis diajarno Insya Alloh biso gae pepagering awak.
Almarhum Bapak Abdul Manan yen menehi wejangan mesti unen-unen nganti negeske “ ilmu lan wejangan kuwi ora biso ngebeki lan mareki weteng..” mangkane opo wae ilmu sing penting kanggo panguripan sak mestine ora ditampik agawe petunjuk ngalakoni urip iki.
Den Mifta dewe yen mulih Jowo mesti di cek apalan Molekatan sing wis diajarake deneng Bapak Abdul Manan, kuwi kaperlu gawe jogo ojo nganti ono rapalan Molekatan sing wis kawoco ing jero jasade Den Mifta, ono kang keliru wacane..! koyo ngono kuwi olehe Almarhum Bapak Abdul Manan jogo lan ngawasi anak-anake kaperlu nyelametke ilmu lan wejangan sing diwariske leluhure..! Bapak..pengabdian jenengan sungguh luar biasa..mugi Alloh paring panggonan kang Mulyo ing peristirahatan terakhir jenengan ing pesarehan Masangan Kulon, sesanding kalian Mbah Mbuyut Packal. Mugi Alloh SWT..pinaring keindahan lan penghiburan kagem Bapak Abdul Manan lan Mbah Mbuyut Packal kekale...Amiien..!



